Kelana Kediri

Kelana Kediri Potret Jalanan Kediri
(1)

Jarene enek bakul sego goreng uenak. nyar. Lokasine Daerah Dinamo Batu, Tinalan, Kota Kediri. Kulone Viva Hotel. Lagek t...
05/04/2022

Jarene enek bakul sego goreng uenak. nyar. Lokasine Daerah Dinamo Batu, Tinalan, Kota Kediri. Kulone Viva Hotel. Lagek teko jam set.8 bengi nganti saiki jam 9 antri rung didoli😅.

Wes tau njajal rung lur? Iki didudohi cah harapan jaya. Lek mampir jajalen wkwkwk. Suwe ndak posting soale tas mari loro ati🥲.

Genamu sek enek tradisi sing jenenge Metri pora Ndaa? Biasane koyok ngeneiki, diwenehi berkat karo jenang abang. Biasane...
10/03/2022

Genamu sek enek tradisi sing jenenge Metri pora Ndaa? Biasane koyok ngeneiki, diwenehi berkat karo jenang abang. Biasane dilakoni pas nduweni barang anyar contone koyok omah, mobil, motor, trek, mantu, bahkan kadang tuku sapi ae dipetri😅.

Lek nggenamu biasane diundangne wong trus dislameti koyok genduren ngunu kae. Opo cukup ditonjokne utawa diterne neng tonggo/dulur? Jan jane lek dipikir tradisi iki apik, soale marai wong liyo iso ngrasakne seneng masio ndak melu nduweni barang anyar sing dituku😅.

Tapi yo kadang iso dadi sumber rasan-rasan yoan. Terutama lek musuh emak-emak ngunu kae. Kadang omongane. "Yungalah, tukune trek puso anyar tapi lek metri ra mbejaji. Iwak ae dipilihne brutu karo jeroan." Ueram tenan lek wes musuh mak-mak ngunu kui😁.

Sopo sing biyen ngarepan omahe duwe bandulan teko ban karet ding ditaleni tampar ngeneiki Ndaa? Ditalekne wit rambutan u...
04/03/2022

Sopo sing biyen ngarepan omahe duwe bandulan teko ban karet ding ditaleni tampar ngeneiki Ndaa? Ditalekne wit rambutan utawa wit pelem. Trus akhire dipedot mergo digawe rebutan cah cilik utawa wes bolak balik nibakne bocah😅.

Jare mbahku, bandulan ngeneiki lek bengi ora diunggahne utawa dicantelne neng pang wet. Mesti ogreh dewe soale gawe dolanan karo tuyul😱. Ciri-cirine mesti teles gek nampon banyu. padahal bengi ra udan. Kui ngunu jarene ompole tuyul.

Lokasi Sotretan Area Musholla KUA Kandat.

Makmu utawa Bulekmu lek dijak dolan enek sing sangu senjata andalan ngeneiki pora Ndaa?Jan minyak iki ki kenek disebut m...
02/03/2022

Makmu utawa Bulekmu lek dijak dolan enek sing sangu senjata andalan ngeneiki pora Ndaa?

Jan minyak iki ki kenek disebut musuhe cah nom-noman lek dijak dolan numpak mobil bareng keluarga😅. Iyo pora ndaa? Lek musuhku selain iki, biasane Stella aroma jeruk, gek pas tumpakane panther diesel. ACne ngowos koyok freeser pisan🥲. Teko nggen dijamin glegeken kudu metu untal-untalane.

Sak durunge dunia perombenan dikuasai bongsone marjan, opo maneh sing saiki perombenan pas riyoyo dikuasai siplah karo s...
27/02/2022

Sak durunge dunia perombenan dikuasai bongsone marjan, opo maneh sing saiki perombenan pas riyoyo dikuasai siplah karo sari asem😅. Mbiyen koyok2e ora enek sing ora cepak ORSON neng omahe pas riyoyo. Terutama sing rasa jeruk.

Gekno Mbiyen roto2 orson dicam gawe banyu anget, soale s*k jarang wong duwe klukas. Masio rodok ribet penyajiane, tapi asline orson kene gawe titen2 status sosiale wong. Padahal ribet, sing dadak dicam disek, trus bar disuguhne dadak ngisahi. Tapi yo panggah ae wong seneng cepak orson.

Nah, Kenek g*e titenan Biasane lek omahe sedia orson, mesti sing duwe omah bakal nyangoni sak nduwure 1000, bahkan sampek 5000. opo maneh lek sing disuguhne orson dingin. sing artine wonge mesti duwe klukas😅. Lek genamu kae, pas cilikanmu lek riyoyo suguhe orson opo mung banyu towo sing diadahi ceret utawa kendi ngunu kae ndaa?

Jek kelingan jajan iki ra ndaa? Lek cah lawas mesti jek kelingan jajan iki😅. Biyen regane 100, trus maleh 200 trus 500 o...
25/02/2022

Jek kelingan jajan iki ra ndaa? Lek cah lawas mesti jek kelingan jajan iki😅. Biyen regane 100, trus maleh 200 trus 500 oleh loro. Akhire saiki regane 500an. Termasuk jajan mewah mbiyen. Sak nduwure iki enek Ciki karo Tini Wini Biti😁.

Iki jaman-jamane Duit 25 gambar komodo jek aji oleh permen sugus. Karo jaman-jaman loro atine jik mergo ra dibolo koncone, ora mergo nekat mencintai trus dianggep koyok mas.e dewe🥲.

Sopo sing langganan Bakso Pak Pri Branggahan sing manggen neng ngarepe Pabrik Roti Jordan. Regone Mourah, mung 5000 wes ...
24/02/2022

Sopo sing langganan Bakso Pak Pri Branggahan sing manggen neng ngarepe Pabrik Roti Jordan. Regone Mourah, mung 5000 wes oleh bakso uakeh, rasane ya enak lek menurutku. Ditambah ngombene sing khas yoiku es garbis sing regane mung 1000 sak gelas gede😅.

Dadine ndak nggumun lek wayahe jam makan siang ngunu kae iso sampek antri-antri mergo ruame. Bagi sing durung tau, jajal lek pas lewat neng Branggahan mampiro, bukae mbuh jam piro, tapi tutupe biasane rodok sore. Paling aman yo mendekati jam makan siang ngunu kae😁.

Jo lali lek rene jak en yangmu timbang ndis*ki yangmu mengko dijak koncomu, ndak entek duit 15 ewu lho. wes wareg berduwa. Ditambah nggene sing pinggir sawah, angine jan sepoi sepoi. Kenek ge romantis-romantisan dulang-dulangan pentole bakso🥰.

Sek kelingan ra lur karo kewan iki? Lek ben gelem metu omahe kudu diababi dis*k, utawa kadang diwenehi banyu. Dek ingi p...
22/02/2022

Sek kelingan ra lur karo kewan iki? Lek ben gelem metu omahe kudu diababi dis*k, utawa kadang diwenehi banyu. Dek ingi pas antar jemput yangku pas enek acara wali murid neng salah sijine SD. Eruh bakul ngeneiki.

Akhire aku tuku, siji regane sewu. Gek tak jenengne Waluyo, jal tag.en koncomu sing jenenge podo😅, Tak jenengne Waluyo ben koyok jenenge cah lanang sing tau ngrebut pacarku biyen. Lha lek sampean kapab terakhir kaline ngingu ngeneiki? Mbuh nyapo kewan ngeneiki angel diingu. mbuh kabur, dipangan tikos utawa gampang mati😔.

Duwe kenangan opo ndaa neng Dhoho Plaza salah sijine pusat perbelanjaan sing mbiyen tau suepi trus saiki kok ketoke mula...
21/02/2022

Duwe kenangan opo ndaa neng Dhoho Plaza salah sijine pusat perbelanjaan sing mbiyen tau suepi trus saiki kok ketoke mulai rame meneh semenjak enek swalayan samudra😁.

Sampean ngerti pora lek mbiyen jarene sak durunge enek dhoho plaza, tau enek wit ringin sing guede neng kene. Trus sekelilinge lahan-lahan kosong sing biasane gawe bal-balan karo cah sekitaran kene iki.

Nah, Krungu-krungu neng Dhoho Plaza iki enek mitos.e yoan, lek seumpama sampean blonjo neng dhoho plaza trus ora mbayar langsung mlayu metu gowo blanjaan. Mitose sampean iso terkenal, mlebu koran trus akeh sing pingin wawancara. Tapi yo jenenge mitos ki Mbuh hooh pener pora yo ndak paham. Ben tambah yakin, Jajal takokno koncomu sing omahe sekitar kene utawa lek pas blonjo rene jajalen. Bener pora mitos kui😅. ko lek wes terbukti, kabarono aku yo ndaa.

Kenanganmu pas nglewati gerbang GOR kene iki opo ndaa? Lek aku tau dipalak cah haik njaluk uwul pas ketemuan karo yangku...
20/02/2022

Kenanganmu pas nglewati gerbang GOR kene iki opo ndaa? Lek aku tau dipalak cah haik njaluk uwul pas ketemuan karo yangku neng kene😅. Trus tak ceramahi lek ngombe ki perkoro sing ndak apik, dilarang Agama.

Lha aku malah diceramahi genten. wonge muni ngene. "Lha sampean pacaran, berduaan bukan mukrim neng petengan trus grayah-grayahan prayo dusone malah luweh akeh."

Peh, krungu dionokne maleh kisinan, akhire tak wenehi duit 5000 trus ngaleh aku🥲. Lek kenanganmu piye ndaa?

Wong area Dukuh, Ngadiluwih enek sing ruh pentol iki ndak yo? Bakulane ndek lor.e SDN Dukuh 2. Mesti uantri, gek sing si...
19/02/2022

Wong area Dukuh, Ngadiluwih enek sing ruh pentol iki ndak yo? Bakulane ndek lor.e SDN Dukuh 2. Mesti uantri, gek sing sitimewane enek pentol mercone😅. Sak porsi 5000an isine uakeh.

Jal tag.en yang e koncomu, menowo gelem dijak tuku neng kene. Mumpung hawane mben sore mesti udan. dadi lek disambi dulang dulangan pentol karo nyruput pop es rasa permen karet berdua tambah syahdu pol. Gek mulihe ojo lali. dipeseni lek peristiwa dulang-dulangan hari ini hanya kita saja yang boleh tau dan menikmati😊.

Mumpung jumat, kimau pas arep jumatan aku kan ketok-ketok kuku tangan. Trus kelingan. Jarene bapakku biyen, lek ser keto...
18/02/2022

Mumpung jumat, kimau pas arep jumatan aku kan ketok-ketok kuku tangan. Trus kelingan. Jarene bapakku biyen, lek ser ketok-ketok kuku ojo pas bengi. Jarene ndak ilok trus marai KAMISISETEN. Tak pikir-pikir artine kamisiseten kui opo to Ndaa?

Trus enek perkoro meneh, lek ngetok kuku ojo dikrikiti karo untu. mengko marai SIWILEN. peh jan kata-katane kok yo enek ae.

Nah dirimu enek sing ruh pora? Sampek iki mau bingung artine KAMISISETEN karo SIWILEN kui opo? Arep takok pakku, wonge wes AFK🥲. jan maleh penasaran aku.

Address

Kediri

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Kelana Kediri posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Share